SINAU GEGURITAN BASA JAWA
A. Pengertian Geguritan
Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud
saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa
ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah
arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.
Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi.
B. Ciri - ciri geguritan
Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku :
- duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra
- duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e
- duweni bahasa ingkang endah lan mentes
- Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang geguritan
C. Unsur - unsur intrinsik
Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
- Tema
- Bahasa kang endah
- Judul Geguritan
- Diksi
- Citra
- Purwakanthi
- Amanat kang ono ing jero ne geguritan
D. Jenis - jenising Geguritan
Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :
- Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
- Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
- Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran
E. Syarat syarat maca Geguritan
Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco geguritan . Syarat syarate yaiku :
- Wirama --> Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.
- Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan
- Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan
- Wicara --> lancar orak e moco geguritan
(sumber) :http://tedobagibagiilmu.blogspot.com/2017/11/geguritan-dalam-bahasa-jawa.html
Tuladha 1
Sekolahku
Sekolahanku…
Panggonan anggonku golek ilmu
Sekolahanku…
Diwulang dening Bapak-ibu Guru
Sekolahanku…
Sinau, maca buku
Ing Panggonan iki
Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti
Ing panggonan iki
Aku diajari marang kanca aja srei
Diparingi PR kanggo gladhen
Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan
Aku percaya…
Sanajan abot kudu dilakoni
Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi
kareben ngesuk dadi wong kang aji
miguna tumprap bangsa lan nagari
Tuladha 2
Reuni
(Djoko Waluyo)
Sawise lawas pisah
Ketemu wis padha dadi simbah
Rambut-rambut putih, pasuryan padha malih
Pethuk gapyuk rerangkulan nyuntak sakehing rasa kapang
Ati trenyuh mripat kekembeng luh
Wor suh karo rasa bungah
Guyu-guyu renyah kaya nalika isih bocah
Dhek biyen nate dadi sakukuban
Njur padha pisah dalan, nepusi lelakone sowang-sowang
Lungit angelangut, lam-lamen jaman kesaput pedhut
Nganti wancine srengenge dhoyong ngulon
Beja, dene isih bisa sapatemon
Dhuh Gusti ingkang Maha mirah
namung saged muji Syukur Alhamdulillah
Gene isih menangi kumpule balung pisah
Sangat bermanfaat lur
BalasHapusMantab bermanfaat
BalasHapusMateri bagus mas
BalasHapus👍👍
BalasHapus